12 Desember 2010

SOAL ULANGAN SEMESTER 1 KELAS VIII
BAHASA DAERAH JAWA
 Agun Awan, S.Pd. (Jl.Bandar Ngalim Gg.II/1-A, Bandar Kidul, Mojoroto, Kediri, Indonesia)



I.        Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki, kanthi milih abjad kang ko anggep bener !

        Putra iku wajib sinau,
        Kanthi asih tresna,
        Resepna sajroning ati,
        Jer tan bekti sanyata bocah duraka.

1.         Cakepan tembang macapat ing dhuwur , kalebu jinising tembang macapat ……………..
a.    Mijil                c.          sinom
b.   Pocung          d.         durma

2.         Guru wilangan lan guru lagu tembang macapat ing dhuwur yaiku :
a.    12u, 6a, 8i, 12a.        c.         12a, 6a, 8a, 12a
b.   12a, 8i, 6a, 12u         d.         12u, 6i, 8a, 12i

3.         Apa wae paugeraning tembang macapat ?
a.    Guru gatra, guru lagu, guru wilangan.   
b.   Guru gatra, guru swara, guru wilangan.
c.    Guru pada, guru wilangan, guru lagu.
d.   Guru basa, guru lagu, guru wilangan,

4.         Jinise tembang macapat iku ana pira ?
a.    8          c.         10
b.   9          d.         11

5.         Tembang macapat ing soal angka 1, kandhutane amanat yaiku : …………………
a.    Anak kudu nduweni prinsip kang kuwat.
b.   Anak kudu nresnani marang wong tuwa.
c.    Anak kudu sregep sinau.
d. Anak kudu nurut marang wong tuwa.

        Saranane murid bisa wasis
        Kudu tansah tlatos
        Amarsudi piwulang gurune
        Sregep mlebu tebih raos isin
        Takon yen tan ngerti
        Samubarang kawruh           

6.         Gatra 1, 2, 3 tembang ing dhuwur isine / surasane yaiku ………………….
a.    Pirantine murid bias pinter kudu usaha.
b.   Pirantine murid bias pinter kudu sregep sinau.
c.    Saranane murid wasis tlatos amarsudi piwulang.
d.   Murid tansah tlaten amarsudi samubarang.

7.         Tegese tembung “wasis” ing ukara “ saranane murid bisa wasis “ yaiku :
a.    Sregep           c. mempeng.
b.   Pinter           d. tlaten

8.         Amanat cakepan tembang macapat ing pitakonan angka 6 yaiku ……..
a.    Dadi murid kudu mlebu terus       
b.   Dadi murid kudu sregep nulis
c.    Dadi murid kudu sregep sinau lan manut dhawuhe guru
d.   Dadi muri ora pareng tansah telad mlebu sekolah.

        Kesi      :    Limah……. Mesthine dina iki, kowe rak kaya kejugrugan gunung menyan ?
                          Mentas lulus SD juwara umum, saiki ana SMP, kowe kathik ketampa kanthi
                          peringkat dhuwur, apa maneh ……?
        Limah  :    ya merga kuwi sanggaku saya dadi abot Kesi.
        Kesi      :    Walaah ….. kok saya ra mudheng aku.
        Limah  :    Mesthi wae ora mudheng, amarga kowe dudu aku.
        Kesi      :    Ya genah, aku dudu kowe, kowe dudu aku, ning……..

9.         Watake paraga Limah ing pethikan drama ing dhuwur yaiku ……
a.    Kumalungkung        c. sabar lan sregep
b.   Cugetan banget       d. seneng tetulung

10.    Pethikan naskah drama ing dhuwur nduweni amanat …….
a.    Wong urip kudu ngresula                                      c. wong sabar bakal mulya uripe.
b.   Wong ora bakal bias nyangga masalahe dhewe   d.  wong iku kudu duwe gegayuhan. 

11.    Setting wektu kang ana ing pethikan drama soal angka 9 yaiku …..
a.    Kajugrugan gunung menyang     c. peringkat juwara umum
b.   Wayahe lulusan SD                                 d. wayah sekolah SMP

12.    Setting swasana / kahanan kang ana ing pethikan drama soal angka 9 yaiku ……….
a.    Seneng banget        c.  bingung
b.   Susah                                 d.  wedi

13.    Saka pethikan naskah ing dhuwur, setting panggonane ana ……
a.    Ing plataran omah   c. ing lapangan
b.   Ing bakul rosokan    d. ing sekolah SMP

14.    Limah     :  oh ……sumitra ( lelorone rerangkulan ….. banjur padha mingseg mingseg)
Kesi         :  Limah ………. Nyata dudu mitra sejati ……. Dudu sejatine mitra…………..
                    Sejatine dudu sumitra …….. lamun nora bisa ngrasakake apa apa kang
                    dirasakake mitra.

Adhedhasar pethikan naskah drama ing dhuwur,  watake Kesi yaiku ……..
a.    Kere                c. kumalungkung
b.   Mitra sejati     d. pinter

15.    Bocah sekolah kudu sregep sinau lan aja kumalungkung.
Kumalungkung tegese …….
a.    Wedi               c. kendel
b.   Sombong       d. nggatekake

16.    Tembung kang bias medharake : rasa gumun, susah, seneng, kaget,  diarani tembung ……….
a.    Panyilah        c. panyeru
b.   Sesulih          d. panggandheng

17.    Fitriono budhal isuk, supaya ora telad teka ing sekolah.
Tembung kang kacoret ngisore kalebu jinising tembung ……….
a.    Ancer – ancer.          c. sesulih
b.   Panyeru                   d.  panggandheng

18.    Peputra, lelunga, jejuluk, kalebu,  tuladhane tembung rangkep ……
a.    Dwi lingga               c. dwi basa
b.   Dwi wasana            d. dwi purwa

19.    “PSSI kalah nalika tandhing karo Uruguy.”
Ukara kasebut kalebu jinising ukara …….
a.    Andharan                c. pitakon
b.   Agnya                                  d. panyeru

20.    Menehi prentah marang sing diajak guneman supaya nindhakake apa kang dikarepake, mujudake jinising ukara…….
a.      Andharan                c. pitakon
b.      Agnya                                  d. panyeru

21.    Ukara ing ngisor iki kang mujudake ukara langsung yaiku ……..
a.    Ibuku dhawuh supaya aku sinau
b.   Wingi dikabarake Manawa Mbah Maridjan seda.
c.    Ulangan semester kelas 8 wis cedhak banget.
d.   “Le …! Mbok ya sinau kana ! aja ndeleng TV wae “, dhawuhe Ibu.

22.    Ing madya mangun karsa, yen ditulis ing aksara Jawa :
a.    ai=mf-mzunK/s       c.     ai/md-mzunK/sa
b.   ae=mf-mzunK/s      d.      ai=mf-m[zonK/s

23.    fumfi[nf}fh .  Tulisan latin unen unen kasebut yaiku …….
a.    Dumadine daredah    c. dumadine deredah
b.   Dumadine dredah      d. dumadia dredah

24.    Ide pokok / cengkorongan :
Ø                           Sapa kang diulemi?
Ø                           Kapan?
Ø                           Papan?
Ø                           Acarane?
Ø                           Kang ngundang?

Ide pokok/cengkorongan ing dhuwur kalebu :
a.    Layang lelayu               c.     Layang ulem
b.   Layang kiriman            d.     Layang balesan

25.    Coba urutake  cengkorongan layang lelayu ing ngisor iki kanthi bener !
a.                           Sapa kang dikirimi?, sapa kang kesusahan ?, nyangapa?, kapan disarekake?, ing ngendi disarekake?,  Sapa kang ngirim?
b.                           sapa kang kesusahan ?, sapa kang dikirimi?, ing ngendi disarekake?, nyangapa?,  Sapa kang ngirim?
c.                           Sapa kang ngirim?,  nyangapa?,  sapa kang kesusahan ?, sapa kang dikirimi?, kapan disarekake?, ing ngendi disarekake?
d.                           nyangapa?,  kapan disarekake?,  ing ngendi disarekake?, sapa kang dikirimi?, sapa kang kesusahan?.

26.    Adangiyah marang sedulur tuwa, utawa marang sapadha-padha kang perlu diajeni nganggo tembung …..
a.    Salam taklim.                         c. ingkang salam
b.   Taklim ( ingkang taklim )       d. ingkang pandonga

27.    Adangiyah marang wong tuwa kang diajeni, umpamane marang  dulur kang kapernah tuwa nganggo tembung  ……..
a.    Taklim                                c. ingkang pangabekti
b.   Salam taklim         d. ingkang pandonga

28.    Miwiti layang, ing padatan/ lumrahe  aweh atur kabar keslametan lan kantentreman, kalebu perangane layang bab apa?
a.    Adangiyah            c. pambuka
b. Isi                           d. panutup

29.                               1. Sapa kang dikirimi?
                     2. kapan wektune?
                     3. Papan ing ngendi?
                     4. apa acarane?
                     5. sapa Kang ngundang

Cengkorongan ing dhuwur iku kalebu cengkorongane layang apa ?
a.                           layang lelayu                                    c.     layang kiriman
b.                           layang ulem                                      d.    layang kitir

30.    Kepareng badhe ngaturi priksa, bilih ing dinten punika, Minggu, 25 September 2008 tabuh 05.00, sampun Kapundhut ing Ngarsanipun Gusti Alloh Ingkang Maha Kuwaos, Panjenenganipun Bp. Mintorejo.

Ukara ing dhuwur iku kalebu perangane / bagiane isi laying :
a.    layang ulem             c. layang lelayu
b.   layang balesan        d. layang kiriman

31.    Mugi – mugi kita sedaya, tansaha Pinaringan kawilujengan, awit Saking Kamirahaning Gusti Alloh Ingkang Maha Agung.
Ukara ing dhuwur iku kalebu kembangane cengkorongan bab apa ?
a.    Sapa sing dikirimi?                   c.    isi
b.   Ana ngendi?                             d.     pambuka

32. Kepriye isine layang balesan ?
a.    Gumantung isi layang kang mentas ditampa.
b.   nakokake kabar lan kahanane mitra kang kinasih
c.    nyuwun pangupara marang Rama Ibu. Amarga nglakoni kaluputan budi
d.   nyuwun pandonga marang Rama Ibu.

33.    Yen arep nulis laying balesan, pambuka kalebu urutan kaping pira miturut cengkorongan ?
a.    1                                  c. 3
b.   2                                  d. 4

34.                 Kumba karna sanadyan asifat buta, nanging apambegan satriya. Marang watake Dasamuka kang banget angkara murka Kumbakarna banget gethinge. Dhasamuka ndhusta Dewi Shinta,  banget digething dening Kumbakarna, ngalap bojone liyan sarana ndhusta, iku panggaweyan kang  nistha, dudu watake satriya.
                 Nalika Ngalengka dilurug wadya bala wanara  nganti tumekaning pati  patih Prahastha, Kumbakarna isih tukepati. Mula enggal ditimbali ingkang raka Prabu Dasamuka supaya dadi senopati perang ing Ngalengka. Nanging Kumbakarna ora gelem maju perang.

Sanadyan Kumbakarna asipat buta nanging Kumbakarna nduweni watak ………
a.    Satriya                  c.   murka
b.   Raseksa              d.   Gumedhe

35.    Carita  pethikan Kumbakarno ing dhuwur iku, nggambarake marang kita supaya aja nganti kekancan ndelok blegere uwong wae , nanging kudu didelok ………..
a.    Bandha donyane           c.   kapinterane
b.   Bebudene                      d.    turunane sapa

36.    Apa kang tindak angkara murkane Dasamuka  ?
a.    Ndhusta Dewi Shinta         c. ora gelem maju perang
b.   Turu kepati                         d. nyedhani Kumbakarna

37.    Miturut panemune Kumba karna ing Pethikan wacan kasebut, dadi satriya iku aja nganti tumindak……
a.    Ma-lima                                      c.     murka
b.   Ngalap bojone wong liya          d.   kebecikan.

38.    Apa  kang njalari Dasamuka duka marang Kumbakarna?
a.                           Kumbakarna gelem maju perang
b.                           Kumbakarna ora gelem maju perang
c.                           Patih Prahastha mati
d.                           Ngalengka kalurug dening wadya bala wanara

39.    Dudutan / kesimpulan apa kang bisa kok jupuk saka pethikan crita kasebut ing angka 34.?
a.                           Ngalap bojone liyan
b.                           Turu kepati
c.                           Yen dadi satriya aja nganti ngalap bojone liyan
d.                           Satriya kang seneng gawe kanisthan.

40.    Apa sababe kaaran Kumbakarna ?
a.                           Jalaran kupinge kaya Kumba/kendhi
b.                           Jalaran wujude kaya buta
c.                           Jalaran wujude gedhe dhuwur
d.                           Jalaran wujude kupinge kaya buta

41.    pasrah marang Pangeran “, Manawa katulis nganggo aksara Jawa yaiku ……
a.                           ps]hmr=%[zrn\
b.                           pf]hmr=p[zrn\
c.                           ps-hmr=%[zrn\
d.                           pf]hmr=p[zrn\

42.    *imved&usTi . Tulisan jawa iku Manawa katulis latin dadi ……..
a.                           Bima suci bedhak dhusti.               C.    Bima suci nyedhak Gusti
b.                           Bima suci nyedak Gusti                  d.    Sima suci nyedhak Gusti

43.    !kulzdep@/n . Tulisan jawa iku Manawa katulis latin dadi ……..
a.                           Nakula badhe mrana                      c.     Nakula badhe perang
b.                           Gathut kaca ngadhep rana            d.    Nakula ngadhepa Karna.

44.    Bu Karmini, yen ditulis Jawa … .
a.    bu@/mini                        c. buk/mini
b.   bu@hmini                       d. bu@hmini

45.       Tulisan ing ngisor iki kalebu aksara murda :
a. d                                          b. k                           c. &                            d. q

II.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener tur cekak aos !!

46.    Sebutna lan jelasna paugeraning tembang macapat !

47.    Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa kang bener !
a.                           Pangucap iku bisa gawe wirang.
b.                           Sesanti iku tepa tuladha.

48.    Perangane layang kang mratelakake unggah-ungguhing basa peperenahe kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang diarani …….

49.    Kumbakarna iku putrane sapa ?


50.    temB=wir=[ro= . Ukara iki unine piye ?    

Kanggo Sliramu : Inung, Sukma & Wanodya.

Tidak ada komentar: