11 Desember 2010

ULANGAN BASA JAWA KELAS VII
Agun Awan, S.Pd. (Jl.Bandar Ngalim Gg.II/1-A, Bandar Kidul, Mojoroto, Kediri, Indonesia)

“ Dikandhani kok ! Aku rak ora tau ngapusi ta ? Wektu aku dadi uler, warna lan awakku nggilani banget. Wektu dadi enthung, rupaku ya elek banget. Wektu iku aku uga rumangsa minder kaya awakmu saiki iki. Nanging aku ora putus asa. Wektu dadi enthung, aku sengaja ora mangan apa-apa. Aku pasa, lan tansah nyenyuwun marang Gusti Allah supaya diparingi wujud kang endah”.
  1. Amanat kang bisa dijupuk saka pethikan crita ing ndhuwur, yaiku :
    1. Aja sedhih marang kekurangan kang diduweni, merga mesthi ana kang ngluwihi.
    2. Aja seneng marang kekurangan kang diduweni, merga mesthi ana kang ngluwihi.
    3. Aja sedhih-sedhih manawa ana kancane nduweni kekurangan.
    4. Aja rumengsa seneng-seneng manawa kancane nduwe kaluwihan.

  1. Geneya akeh wong kang gila nyawang kupu nalika isih dadi enthung ?
    1. amarga rupane nggegilani                   c. amarga rupane ireng 
    2. b.  amarga rupane elek                             d. amarga rupane soklat

  1. Adhedhasar isine paragraf ing ndhuwur iku, watake kupu, yaiku........
    1. gampang nesu                                     c. gampang putus asa
    2. gampang meri                                      d. ora gampang putus asa

Krungu ujare kancane, walang trenyuh. Pungkasane dheweke ngelekake mripate. “ Aku pasa. Aku kepingin dadi kupu.........”. “ Adhuh walang................Gusti Allah mung ngabulake panyuwun kang wajar”, tumanggape kala jengking. “ Apa nyuwun dadi kupu kuwi ora wajar ?”. Mesthi wae ora wajar. Kaya nyuwun tumurune lintang saka langit.
  1. Amanat kang bisa dijupuk saka pethikan crita ing ndhuwur, yaiku.....
    1. dadi wong kudu ndonga terus lan aja gampang putus asa.
    2. Dadi wong kudu bisa nrima apa sing wis diparingake Gusti Allah.
    3. Dadi wong aja minder marang kekurangan kang diduweni.
    4. Dadi wong iku mesthi nduweni kekurangan lan kaluwihan dhewe-dhewe.

  1. Saka wacan ing nomer 4 iku, apa relevansi isine dongeng karo jaman saiki ?
    1. walang bisa berubah dadi kupu
    2. enthung bisa berubah dadi kupu
    3. walang ora bisa berubah dadi kupu
    4. amarga pasa, walang bisa berubah dadi kupu.

  1. Adhedhasar  crita ing nomer 4, Gusti Allah iku bakal ngabulake donga kang kepriye ?
    1. Wajar                                                   c. apik
    2. ora wajar                                             d. elek

  1. “ Kaya tumurune lintang saka langit “.
Apa karepe ukara ing ndhuwur iku ?
    1. ngenteni ceblok ing bumi
    2. lintang ora bakalan ceblok ing bumi
    3. panyuwun sing ora mungkin dikabulake
    4. panyuwun sing arep dikabulake.

  1. Bab kang ora perlu ditindakake  ing persiapan wawancara, yaiku...........
    1. nemtokake tujuan wawancara             c. nyusun daftar pitakon
    2. nyepakake klambi sing anyar              d. nemtokake wektu wawancara

  1. Pak Ali : Aku kepingin ndadekake kutha Kediri kang resik.
Firman : Caranipun kados pundi, Pak
Basa kang digunakake Firman, yaiku basa...........
a.       Ngoko                                                       c. campuran Indonesia
b.      Krama                                                       d. ngoko alus

  1. Saka pacelathon ing nomer 9 iku, basa kang digunakake Pak Ali, yaiku basa........
    1. ngoko lugu                                          c. ngoko alus
    2. krama lugu                                          d. krama alus
  
      11. Budi          : ..........................
            Bu Jono     : Ora, sliramu rak sing arep wawancara ta ?
            Ukara kang nggunakake basa krama alus sing diucapake Budi, yaiku........
a.       Sugeng enjang, Bu. Lali nggih, kaliyan kula ?
b.      Sugeng enjang, Bu. Kesupen karo kula ?
c.       Sugeng enjing, Bu. Supe nggih, kalih kula ?
d.      Sugeng enjang, Bu. Kesupen kaliyan kula ?

      12.Nglaporake asiling wawancara, bisa ditulis kanthi wujud :
    1. Guritan                                                c. cengkorongan
    2. gancaran                                              d. tembang

13. Joget leak kang ngandhut mistik ing wewengkon Pulo Bali, kudu dipageri         mawa tolak balak.
             Tembung kang isih awujud aksara legena, yaiku........
a.       joget                                                          c. kudu
b.      mawa                                                         d. pulo

14. Joget leak kang ngandhut mistik ing wewengkon Pulo Bali, kudu dipageri         mawa tolak balak.
             Tembung kang oleh sandhangan pangkon,  yaiku........
c.       joget                                                          c. kudu
d.      mawa                                                         d. pulo

     15. Tembung kang oleh sandhangan wulu, yaiku...........
            a. rgi      b. j[go   c. szu   d. [k[r

  16. Tembung kang oleh sandhangan suku, yaiku............
            a. duku    b. k[do  c. spi  d. si[do

    17. Tembung kang oleh sandhangan taling tarung, yaiku............
            a. [so[to      b. tli    c. wru         d. [m[p

    18. Tembung kang oleh sandhangan pepet, yaiku............
            a. de[l   b. biru   c. b[l   d. s[wo


            Yu Darmi,
            Desane dhewe saya rame
            Real sing kok kirim perbawane
            Bisa nyulap gubugmu dadi loji
                        Yu Darmi,
                        Tanpa wilangan sing wis nulad tekadmu
                        Teka sembada ngudang anak tekan pawiyatan luhur
Yu Darmi,
            Bab siji iki apuranen aku
            Ora kuwawa menggak kang Darma sisihanmu
            Sing saya sengkud mbanting kertu

      19. Yu Darmi, tokoh ing guritan ing ndhuwur iku nyambut gawe dadi apa ?
            a. TKW ing Arab                                c. TKW ing Hongkong
            b. TKW ing Malaysia                          d. TKW ing Brunai

20. Adhedhasar isine guritan ing bait siji ndhuwur, asile nyambut gawe yu Darmi bisa kanggo...........
a. nyekolahake anake                          c. modal usaha
b. mbangun omahe                              d. modal judi

21. Yu Darmi wis kasil nyekolahake anake tekan pawiyatan luhur.
            Pranyatan iki salaras karo guritan ndhuwur alinea ka............
a.       loro baris siji                                  c. loro  baris telu
b.      loro baris loro                                d. loro baris papat

22. “ Ora kuwawa menggak kang Darma sisihanmu
         sing saya sengkut mbanting kertu “.
            Apa karepe unine guritan ing ndhuwur ?
a.       Aku ora bisa menging Kang Darma mbantingi kertu
b.      Aku ora bisa menging Kang Darma kanggo main “ Judi “
c.       Aku ora bisa menging Kang Darma bakulan kertu
d.      Aku ora bisa menging Kang Darma mbuwangi kertu

23.    Nalika dak wengakake lawang
Langit katong padhang
Gatra kang unine “ langit isih katon padhang”, karepe yaiku...........
a.       langit pancen padhang                  c. ora mendhung
b.      ora ana udan                                  d. isih ana pengarep-arep

24.    Dosaku kaya wis sagunung
Nalika biyung adus kringet
Ya gene aku mung kari
Ngathung lan ngathung.

Baris “ Dosaku kaya wis sagunung”, karepe yaiku.........
a.       gedhe kaya gunung                       c. dhuwur padha gunung
b.      wis akeh banget                            d. ora duwe dosa

25.    Gatra “ Nalika biyung adus kringet “ , tegese yaiku...............
a.       nyambut gawe rekasa              c. nyambut gawe tanpa kringet
b.      kringete dleweran                   d. nganti ngetus kringet

26.    Dak indhit bektiku
Wujud reroncening donga
Suwawur lan  kukusing dupa kumuwus
Sumundhul awiyat
Nothog korining jagad

Gatra “ dak indhit bektiku, wujud reroncening donga”, tegese yaiku....
a.       tansah ndonga                               c. ngindhit kembang
b.      dongane dironce                           d. ora tau ndonga

27.    Adhuh Gusti, dhuh Hyang Widi  sun memuji
Mugya katampia
Bapa biyung ingkeng swargi
Katampi ing swarga loka

Bait kasebut ing ndhuwur, isine yaiku............
a.       panyuwun supaya awake mlebu swarga
b.      panyuwun supaya  awake ora mlebu neraka
c.       panyuwun supaya wong tuwane munggah swarga
d.      panyuwun supaya bapa biyunge ora seda

28.    Kanthi anane sarana sesrawungan kang awujud radio, TV, komputer, telepon, ariwarti lan kalawarti, kita bisa meruhi sadhengah pawarta lan prastawa saka ngendi wae. Sarana sesrawungan mau uga mujudake sarana kanggo sesuluh lan panerang kanggo bebrayan agung, saengga ana kautaman mungguhing bebrayan.
Paragrap ing ndhuwur iku ide pokoke, yaiku............
a.       kita bisa meruhi sadhengah pawarta lan prastawa saka ngendi wae.
b.      Kanthi anane sarana sesrawungan kang wujud radio
c.       Ana owah-owahan kang tumuju marang kautaman
d.      Sarana sesrawungan mau uga mujudake sarana kanggo sesuluh.

29.    Ana ing pasrawungan kita kudu jaga jinaga. Aja nganti ana cecongkrahan utawa padudon. Kulinakna jembar segarane, aja  gedhe endhase.
Tembung jembar segarane tegese.............
a.       segarane amba                         c. sugih pangapura
b.      segarane banjir                        d. sugih donya bandha.

30.    Tembung gedhe endhase, tegese............
a.       sirahe gedhe                            c. sombong / gumedhe
b.      sirahe abuh                              hidrocephalus

31.    Bocah kuwi pancen sregep tandang gawe lan gelem ngrewangi wong tuwane nyambut gawe. Tembung entar kang cocog kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku......
a.       entheng tangane                      c. jembar kawruhe
b.      jembar dhadhane                     d. amba jangkahe

32.    Adhedhasar pethikan wacan ing nomer 28, , kang kalebu tembung lingga, yaiku...........
a.       kanggone, mungguhing           c. meruhi, kanggo
b.      sesrawungan, radio                 d. bebrayan, mujudake

33.    Adhedhasar pethikan wacan ing nomer 28, , kang kalebu tembung andhahan,     yaiku...........
a.       kanggone, mungguhing           c. meruhi, kanggo
b.      sesrawungan, radio                 d. bebrayan, mujudake

34.    Saben liburan sekolah akhir tahun, sekolahku tasah nganakake program widya wisata. Miturut rencana, widya wisata tahun iki bakal dianakake suk minggu. Pas dina kang ditemtokake, aku tangi  isuk banget. Aku enggal-enggal nyepakake ubarampe kang bakal dak gawa, kalebu jajan lan banyu ngombe. Sawise adus lan sarapan, aku banjur budhal menyang sekolahan diterake bapak. Pranyata ing sekolahanku akeh kang wis padha teka, racake padha ngumpul ing kelase dhewe-dhewe, nanging ana uga kang guyon karo bocah kelas liyane. Kabeh katon gumbira lan seneng.
Tema kang cocog kanggo wacan ing dhuwur, yaiku.................
a.       widya wisata                           c. plesiran
b.      liburan                                     d. piknik

35.    Bakune gagasan wacan ing ndhuwur, yaiku..........
a.       nyepakake ubarame kang bakal digawa
b.      ketemu kanca-kanca
c.       liburan akhir tahun ajaran
d.      widyawisata dianakake ing dina minggu

36.    Isi  wacan ing ndhuwur, nyritakake..........
a.       acara widyawisata                               c. ketemu lan guyon karo kanca
b.      persiapan budhal widyawisata            d. budhal menyang sekolahan

37.    ...h.... diarani  sandhangan..............
a.       Swara                                      c. wyanjana
b. panyigeg              d. gatra

38.    Tembung “ kucing”, manawa ditulis nganggo aksara Jawa, dadine..........
a. kuch  b. tuci=    c. kuci=   d. kuci/

39.    ps/[ko[bo=, manawa katulis nganggo aksara latin, dadine. :
a.       kamar kosong                          c. pasar kobong
b.      kabar bohong                          d. dhahar pohong

40.     .../... , diarani sandhangan......
a.       Swara                                      c. layar
b. panyigeg              d. gatra


      Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cekak aos !

“ Apa sing kok pikir ? “ aloke manuk glathik sing mencok ing pang mawar.
“ Yen ana masalah, omonga. Sapa ngerti aku bisa nulungi”, klabang nyambung.
            ..........................................................................................
  1. Terangna watake paraga kang ana ing pethikan crita ndhuwur iku !
  2.           Saben liburan sekolah akhir tahun, sekolahku tasah nganakake program widya wisata. Miturut rencana, widya wisata tahun iki bakal dianakake suk minggu. Pas dina kang ditemtokake, aku tangi  isuk banget. Aku enggal-enggal nyepakake ubarampe kang bakal dak gawa, kalebu jajan lan banyu ngombe. Sawise adus lan sarapan, aku banjur budhal menyang sekolahan diterake bapak. Pranyata ing sekolahanku akeh kang wis padha teka, racake padha ngumpul ing kelase dhewe-dhewe, nanging ana uga kang guyon karo bocah kelas liyane. Kabeh katon gumbira lan seneng.
Saka cuplikan wacan ing ndhuwur, golekana tembung lingga 5, lan tembung andhahane lima wae !

  1. Terangna tegese tembung entar ing ngisor iki ! :
    1. nggantung untu
    2. adol bagus

  1. Bapak wingi nata bata kabehe sanga.

Ukara ing ndhuwur golekana tembung kang wujud  aksara legena, banjur tulisen Jawa !

  1. Tulisan Jawa ing ngisor iki owahana nganggo aksara latin !

a. ami/tukubuku
            b.a[yopdsinau

Kanggo Sliramu : Inung, Caraka lan Wanodya

Tidak ada komentar: